Mukadimah

Contoh atur-atur upacara penganten adat jawa ini hanya sekedar gambaran saja, apabila ada yang kurang berkenan atau kurang bagus dalam penyusun kalimat atau bahasa, mohon untuk dibetulkan agar susunan bahasanya menjadi indah dan pantas untuk didengar ataupun dicerna oleh masyarakat jawa khususnya yang masih kental dengan tradisinnya upacara adat jawa.

Jumat, 14 Juli 2023

PROTOKOL MAULID NABI

 السَّلاَمُ عَلَيْكُم ْوَ رَحْمَةُ اللهِ وَ بَرَكَاتُهُ

أَعَوْدُ بِالله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالمَين، الصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَافِ لْأَنْبِيَاءِ وَ المُرْسَلِيْنٍ، وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَ جْمَعِيْنَ،  رَبِّ اشْرَحْ لِى صَدْرِىْ وَ يَسِّرْ لِى أَمْرِىْ وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانىِ يَفْقَهُ قَوْلِى، أمّا بعد...


Dumateng poro bapak poro ibu ugi sedoyo poro rawuh ingkang minulyo, poro alim ulama’ wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom bapak Kyai......................

ingkang kito tenggo pitutur luhuripun. Dumateng Dewan Asatitz ingkang kawulo hormati, segenap takmir masjid Sabilul muttaqien soho rencang-rencang sedoyo ingkang kulo tresnani.

          Ingkang sepisan sumonggo kito ngaturaken raos puji syukur dumateng ngarsanipun ALLOH SWT. Wondene punopo kulo soho panjenengan sami taksih pinaringan Rohmat, Taufiq, Hidayah soho  Inayah ipun sahinggo kito saget makempal wonten meniko majlis kanti kawontenan Rahayu  Wilujeng mbotenn manggih aken alangan setunggal punopo. Amin … Amin …  Yarobbal ‘alamin …

          Sholawat soho salam mugi tetep kalimpah aken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang sampun sampun mbimbing kito saking zaman Zahiliyah ngantos dumugi zaman terang benderang ingkang arupi ajaran agama Islam, soho ingkang kito ajeng-ajeng syafa’at ipun mbenjang wonten yaumul Qiyamah. Amin …

          Sak dereng ipun adicoro Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai keparengo kulo minangkani pranoto adicoro maosaken runtut ipun adicoro ing dalu puniko. Adicoro ingkang :

Ingkang Sepisan Muqoddimah

Kaping kalih waosan tahlil

Wondene sambutan-sambutan minongko adicoro kaping tigo

Kaping sekawan waosan Sholawat Jibril

Kalajengaken Mauidloh Khasanah minongko adicoro inti

Wondene paripurnaning adicoro nggih meniko Do’a soho penutup


Maketen menggah reroncening adicoro ingkang badhe kito sedoyo lampahi, 

Wondene amurwakani adicoro sumonggo sesarengan kito bikak kanti

waosan ummul kitab,

عَلَى هَذِهِ نِيَةٍ صَالِحَةٍ بِبَرَاكَةِ الْفَاتِحَةِ …

Adicoro sak lajeng ipun inggih meniko waosan tahlil dumateng panjenenganipun 

Bopo ………………………...             kawulo sumanggaaken.

Shodaqollohul ‘adzim shodaqollohul ‘adzim, dumateng panjenenganipun ……………………… kulo aturaken agunging panuwun, mugi-mugi saget manfaat dumateng ingkang maos khusus ipun ugi kito sedoyo umum ipun. Amin ………….

Hadirin-hadirot rokhimakumulloh, acara ingkang selajeng ipun sambutan-sambutan.

Sambutan saking ketua panita/ Takmir masjid, dumateng panjenenganipun Bpk…………………………… kawulo sumanggaaken.

 Kulo aturaken agunging panuwun.

Sak lajengipun sumonggo sesareangan kito mahos sholawat Jibril sinambi nenggo rawuhipun Almukarom Bopo Kyai………………………………….saking............

Maturnuwun mugi kanti sholawat jibril meniko kito tansah kagolong umatipun ingkang tansah pikantuk syafaatipun, allahumma aamiin…………….

Kito lajeng aken adicoro ingkang kaping gangsal utawi acoro inti inggih meniko Mauidloh Khasanah soho Do’a, 

Ananging sakderengipun Acoro inti soho Do’a kawiwitan kulo minongko talanging atur saking sedoyo jama’ah ugi sedoyo panitia hangaturaken agunging panuwun Dumateng Bopo Kyai………………………………..ingkang badhe paring pinten-pinten pitedah kesaenan dumanteng kito sedoyo mugi migunani ugi dadosno tambahing ilmu dumateng kito sedoyo,

Wondene waosan Do’a sak mangke dados paripurna nipun adicoro wonten dalu puniko. 

Saking kawulo Mbok bilih anggen kulo nderek aken lampahe adicara puniko manggihi khilaf soho kalepatan ingkang dados renaning penggalih, kulo namung saget mawantu-wantu lumunturing syah samudro pangaksami.

Akhirul kalam wallohul muafiq illa aqwamithoriq,


والسّلام عليكم و رحمة الله و براكاته.


Dumateng Bopo Kyai……………………………..wedal kawulo sumangga aken…# Membaca Sholawat Jibril

PROTOKOL SELAPANAN RT

 ASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHIWABAROKATUH

Bismillahirokhmanirrohiim

Alkhamdulillahirobbil’alamin Wabihi nasta’inu ‘ala umuri dunya waddin,Syayidina Wa maulana Muhammadin, Wa’ala Alihi Wa ashabihi Ajma’in Amma Ba’du.


Dumateng Bapak RT ingkang kinurmatan ugi dumateng wargo RT ... ingkang waged rawuh wonten acaoro rutin selapanan wargo ingkang tansah minulyo, langkung- langkung dumateng shohibul bait panjenenganipun Bapak…………………………….ingkang minulyo, langkung rumiyin sumonggo kito tansan ngunjuaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rohmat, taufik, hidayah soho inayahipun sahenggo kito sedoyo waged ninda’i giliran selapanan wargo kanthi mboten manggihi aral satunggal punopo, pramilo sumonggo pujo-puji sasanti sesarengan kito ikroraken kanthi waosan TAHMID………

ALKHAMDULILLAHIROBBIL ‘ALAMIN.


Allahumma Sholi ’Ala Muhammad Wa ’Ala ’Ali Syayidina Muhammad…

Sholawat soho salam mugi katur wonten junjungan Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafaatipun wiwit dunyo ngantos benjang wonten ing yaumul qiyamah , 

Allahumma amin…….

kulo minongko pranoto acoro badhe maosaken susunan acoro ing dalu puniko :

Wondene acoro ingkang sepisan pambuko.

Ingkang kaping kalih waosan tahlil ,ing samangke badhe dipun ayahi panjenenganipun  Bpk…………………………soho Do’a nipun panjenenganipun Bpk…………………….

Wondene Ingkang ongko tigo utawi pungkasan inggih puniko lain-lain utowo panutup.


Makaten reroncening adicoro ingkang badhe kito lampahi samangke, gegandengan wedal sawetawis dalu sumonggo acoro ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan Bassmalah…………

BISSMILLAHIRROHMAANIRROHIIM


Saklajengipun Tahlil kulo aturaken dumateng panjenenganipun Bpk………………kalajengaken Do’a nipun panjenenganipun Bpk…………………….wekdal kulo aturaken sumonggo…..

---------------------->>>>><<<<< --------------------

Maturnuwun waosan Tahlil kolowau, mugi-mugi saged dados amal kesaenan kito sedoyo lan ugi dipun tampi dening Allah SWT,Allahumma amin…….


Wondene ingkang pungkasan inggih puniko lain-lain, wedal kasumanggaaken…………


PENUTUP

Maturnuwun dumateng shohibuol bait ingkang sampun paring papan soho pasugatan ingkang sampun kito resepi kanthi eco soho sekeco, mugi-mugi andadosno amal ingkang barokah dunyo dumugi akhirat samangke, ugi kulo minongko talanging atur saking sedoyo wargo RT 02 nyuwun gunging pangaksomo dumateng shohibul bait tumrap sedoyo kekiranganipun. Gegandengan acoro sampun kalaksanan sedoyo sumonggo acoro selapanan rutin ing wanci dalu puniko sesarengan kito tutup kanthi waosan do’a tutup majlis……………


SUBHANAKALLAHUMMA WABIKHAMDIKA ASYHADUANLAILAHAILLAANNTA ASTAGFIRUKA WA ATUBU ILAIK


Cekap semanten atur kulo mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur wiwit awal dumugi akhir, kulo tansah anyadong rumentahing sih samudro pangaksami,

Bilahitaufik wal hidayah

WASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH

Minggu, 04 November 2012

Kalimat Dasar Atur-atur Pasrah Temanten


PASRAH PENGANTEN

ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Matur nuwun dumateng pranotocoro ingkang sampun paring wedal dateng kulo.

Nuwun dumateng poro rawuh kakung soho putri ingkang kulo hormati, langkung-langkung dumateng bapak lurah soho stafipun ingkang kulo hormati ugi.

Poro adi lenggah ingkang kinurmatan, kulo kadawuhan matur minangkani pamundut kersanipun Bapak……………………langkung rumiyin panjenenganipun Bapak…………………kintun salam taklim mugi kunjuk wonten ngarsanipun Bapak……………….sumrambah dumateng sedayanipun, sak lajengipun pisowan kulo sak pengombyong saperlu hanglarapaken wujuding ponang temanten kakung/ putri/ kekalih, mugi katampio minongko putro pribadinipun Bapak…………………. Ugi keparenga paring pitedah panggulawentah, murih saged netepi darma utama.
Bp………………ugi hamasrahaken penganten kakung/ putri/ kekalih dumateng kukubaning bebrayan ing mriki, tinampia dados warganing bebrayan ingkang anuju kesaenan.
Kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo,mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur, kersoho poro rawuh paring samudro pangaksomo.

WASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Wedal kulo konduraken dumaten pranoto adi coro,nuwun.

Kalimat Dasar Dtur-atur Panampining Temanten


PANAMPINING PENGANTEN

ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Matur nuwun dumateng pranotocoro ingkang sampun paring wedal dateng kulo.

Nuwun dumateng poro rawuh kakung soho putri ingkang kulo hormati, langkung-langkung dumateng bapak lurah soho stafipun ingkang kulo hormati ugi.

Poro adi lenggah ingkang kinurmatan, langkung rumiyin Bapak…………………… tiyang sak keluargo ngaturi sugeng rawuh dumateng panjenengan sedoyo soho tamu utusan sak pengombyongipun, kejawi sangking meniko kulo ingkang kajibah hanampi wujuding ponang temanten kakung/ putri/ kekalih sampun kulo tampi kanthi gembiraning manah, ugi salam taklim saking panjenenganipun Bapak……………………..kulo wangsuli kanthi ikror Wa’alaikum salam Wr.Wb sinartan kanthi reno-renaning manah
Sak wangsulipun sederek duto, sak konduripun panjenengan sedoyo sak mangkeh
kersoho hangaturaken sembah sungkemipun bapak.........................tiyang sak keluargo mugi kunjuk wonten ngersanipun bapak........................tiyang sak keluargo.
Kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo,mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur, kersoho poro rawuh paring samudro pangaksomo.

WASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Wedal kulo konduraken dumaten pranoto adi coro,nuwun.

Kalimat Dasar Atur-atur Pambagyo Harjo


PAMBAGYO HARJO
ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Matur nuwun dumateng pranotocoro ingkang sampun paring wedal dateng kulo.

Nuwun dumateng poro rawuh kakung soho putri ingkang kulo hormati, langkung-langkung dumateng bapak lurah soho stafipun ingkang kulo hormati ugi.

Poro rawuh ingkang minulyo ,perlu kawuningan bilih adeg kulo ing mriki saperlu minangkani pamundhut kersanipun Bapak ……………………..,langkung rumiyin Bapak……...................
Ngaturaken sugeng rawuh saking rawuhipun panjenengan sedoyo, ugi nyuwun pangapunten anggenipun paring papan pilenggahan kirang nresepaken.

Poro rawuh ingkang minulyo,perlu kulo aturaken bilih ing wanci dinten meniko panjenenganipun Bapak………………………anggadahi hajat badhe ngemah-emahaken putro putranipun/putrinipun ingkang sesilih bagus/ayu…………………apolokromo kalian bagus/ayu……………………putranipun Bapak………………… ingkang pidalem ing dusun…..

Ingkang meniko poro rawuh dipun suwuni idi pangestunipun mugi-mugi temanten kekalih tansah pinaringan wilujeng kalis ing sambikolo.

Kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo,mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur, kersoho poro rawuh paring samudro pangaksomo.

WASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Wedal kulo konduraken dumaten pranoto adi coro,nuwun.

Rabu, 17 Oktober 2012

PASRAH PENGANTEN


Assalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun, para sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur, igkang hanggung mastuti pepoyanging kautaman, ingkang dahat kinabekten, para pangembat pangembating praja, bapa pangarsadesa miwah para pamong ingkang satuhu sinudarsana, para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinugata ing pakurmatan.
Lunimtuning pudyastawa saking gusti ingkang maha agung, ambabar daya pangaribawa ingkang cumandhuk dhumateng para kawula dasih kacihna pisowan kula sakanca kapareng kajangkung dumugi ing papan mriki kanthi widada nir ing sambikala, ingkang punika keparenga kula atur puja puji sasanti: Alhamdulillahirobbil ‘alamin.(tahmid)
Salajengipun matur gunging panuwun dumateng kadang panatacara ingkang sampun paring palilah wekdal dumateng kula.
Hanamung saderengipun tuhu linepatna ing deduka miwah tinebihna ing saliring sesendhu dene kula sampun kumawi cumanthaka lumarap matur wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah anggempil kamardikan panjenengan anggenya wawan sabdha. Nuwun inggih labet kula nyendikani dawuh pangadikanipun bp………. Ingkang supados hanyulihi matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.
Mirunggan katur panjenengan bp……….miwah baraya agung. Ingkang sepisan kula kinen hangaturaken sembah sungkem katur para pepundhen, pinisepuh myang sesepuh tuwin salam taklim katur panjenenganipun bp…………miwah baraya agung kanthi kula ucapaken ASSALAMU’ALAIKUM.
Salajengipun pisowan kula sakadang kinen hanglarapaken sowanipun penganten kakung, nuwun inggih pun bagus……
Manawi sakawit panyuwun bp……..…mugi pun bagus……..…..kadhaupaken kaliyan nimas ayu……….putrinipun bp………….
Ing ari kalenggahan punika sampun kaleksanan kanthi upacara ingkang sakalangkung edipeni, andadosaken bombonging manah bp………ingkang punika namung saged ngaturaken agunging panuwun ingkang tan saged cinitra ing ukara. Mugi lubering sih kadarman bp……….punika pikantuka lelintu ingkang satraju saking gusti ingkang maha agung dhestun hanglangkungana.
Hamung kewala mugi andadosna kawuningan tuwin boten andadosaken kuciwaning penggalih, awit dene pun bagus nadyan tata gelar katingal sampun dewasa pantes lamun amangun bale wisma, hananging yektosipun tasih cubluk ing samudayanipun, unggah ungguh, tata krami napa malih suba sita ing bebrayan tasih sanget kabodhon.
Ewa semanten panyuwun saking Bp………………..keparenga katampiyo pinangka putra pribadi, keparenga panjenenganipun Bp………………….paring pitedah panggulawentah, murih saged netepi darma utama.
Bp………………ugi hamasrahaken penganten kakung dumateng kukubaning bebrayan ing mriki, tinampia dados warganing bebrayan, sahingga pikantuk pambyantu, saha pangayoman samurwatipun. Makaten ugi tansah pinarenggana pitedah. Panyaruhe, hambok bilih wonten tindak tanduk ingkang nyebal saking pahugeraning gesang bebrayan.
Ingkang punika katur para sesepuh pinisepuh kula nyuwunaken tambahing pandonga pamuji mugi panganten sarimbit sagedo manggih kamulyan ing gesang bebrayanipun.
Ing wasana, cupet ceweting atur, kirang trapsila miwah subasita pisowan kula sakadang wonten pahargyan ingkang sakalangkung edipeni punika keparenga panjenenganipun
Bp……………..miwah baraya agung angluberna sih samudra pangaksama.
Pungkasing atur billahi taufik wal hidayah WASSALAMU’ALAIKUM WR WB.

DOWNLOAD file klik DISINI