Mukadimah

Contoh atur-atur upacara penganten adat jawa ini hanya sekedar gambaran saja, apabila ada yang kurang berkenan atau kurang bagus dalam penyusun kalimat atau bahasa, mohon untuk dibetulkan agar susunan bahasanya menjadi indah dan pantas untuk didengar ataupun dicerna oleh masyarakat jawa khususnya yang masih kental dengan tradisinnya upacara adat jawa.

Rabu, 30 Maret 2011

PANAMPINENG TEMANTEN

Assalamualaikum Wr.wb


     Matur nuwun dumaten pranoto adicoro ingkang sampun kerso maringi wekdal dateng kulo
Nuwun dumateng sagunging poro rawuh kakung soho putri , ugi poro sesepuh tuwin
pinisepuh langkung – langkung dumateng bapak – bapak pangemban pangembating projo.
Langkung rumiyin kulo muji syukur wonten ngerso dalem ALLAH SWT dene – dene
pepanggihan kulo lan panjenengan ing wekdal dinten meniko tansah pinaringan wilujeng.
Bapak – bapak soho poro rawuh ingkang minulyo, perlu kawuningan bilih ade’k kulo ing
mriki sak perlu minangkani pamundut kersanipun Bapak...............................tiyang sak
keluargo, langkung rumiyin Bapak..............tiyang sak keluargo ngaturi sugeng rawuh dumateng panjenengan sedoyo soho tamu utusan sak pengombyongipun, kejawi sangking meniko kulo ingkang kajibah hanampi wujuding ponang temanten kakung kolo wau sampun kulo tampi kanti gembiraning manah, ugi kintunan salam ta’limipun saking panjenenganipun
Bapak.........................sampun kulo tampi kanti renaning manah ugi kulo ikroraken kanti WA'ALAIKUM SALAM WARAHMATULLAHI WABAROKATUH.
Sak wangsulipun sederek duto, sak konduripun panjenengan sedoyo sak mangkeh
kersoho hangaturaken sembah sungkemipun bapak.........................tiyang sak keluargo mugi
kunjuk wonten ngersanipun bapak..................tiyang sak keluargo.
Poro adi lenggah, kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo, mbok bilih
wonten kirang langkung anggen kulo matur keparengo sagung poro rawuh ngluberino sih samudro pangaksami.

Minongko purnaning atur billahi taufik wal hidayah, Wassalamualaikum Wr.Wb
Wekdal soho panggenan kulo aturaken dumateng pranoto adicoro.Nuwun....

DOWNLOAD file klik DISINI

Kamis, 17 Maret 2011

PRANOTO ADICORO


Assalamu’alaikum wr.wb
Nuwun kulonuwun.
Poro sesepuh soho pinisepuh ingkang hanggung mastuti dating pepoyaning kautaman, poro pangemban pangembating projo ingkang kinaryo pangayomaning kawulo dasih.
Poro adi lenggah ingkang pantes ing tuhu sinukarto,sumonggo kito ngunjukaken puji syukur ing sahandap pepodaning gusti ingkang akaryo jagad, dene sampun kepareng hangluberaken kekiyatan soho kawilujengan, satemah, kito waget kempal manunggal ing panti pahargyan wanci meniko, kanti winantu ing suko basuki.
Sholawat soho salam mugi katur dhumateng junjungan nabi agung Muhammad SAW, ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah, Allahumma Amin………..
Sak lajengipun, tuhu linepatno ing deduko, tinebihno ing salwiring sesendhu, dene kulo cumantoko lumarap atur, satemah hangirangi kamardikan panjenengan sedoyo, anggenyo nembe eco mawan sabdo.
Sangyo adi lenggah ingkang minulyo ing budi, wondene reroncening adicoro ingkang badhe katur makaten :
Titilaksono ingkang sepisan njih meniko pambagyo harjo
Kalajengaken adicoro kaping kalih, kumandanging wahyu suci Al qur’an
Adicoro kaping tigo njih meniko panyerahaning temanten
Dumawah penampining temanten  minongko titilaksono kaping sekawan
Hastungkoro ngancik adicoro kaping gangsal
Wondene panutuping acoro dumawah reroncening adicoro ingkang kaping enem
Makaten menggah reroncening adicoro ingkang badhe hangrenggani wiwahan meniko;
Titilaksono ingkang ongko sepisan atur pambagyo harjo ingkang badhe katur lumantar juru wicoro, pramilo sumonggo dumateng panjenenganipun bp………………..pinongko sesulihipun, wekdal soho panggenan kulo aturaken
Wondene adicara ingkang ongko kalih njih meniko kumandanging wahyu suci Al qur’an, ingkang badhe katur bp………………………wekdal soho panggenan kulo aturaken.
Makaten atur pambagyo harjo saking juru wicaranipun shohibul hajat.
Ngancik adicoro ingkang tigo nwun inggih panyerahaning temanten, dumateng panjenenganipun duto saking bp…………………wekdal kulo aturaken.
Makaten atur panyerahaing temanten saking panjenenganipun duto pangarso ingkang sampun dipun aturaken kanti toto ,titis lan tatas pangandikanipun.
Tumapa’ing adicoro ingkang ongko sekawan, panampining temanten, ingkang badhe katur panjenenganipun bp………………..sumonggo wekdal kulo aturaken.
Makaten wau atur panampining temanten saking panjenenganipun bp……………….
Hastungkoro katur panjenenganipun bp………………nggempil reroncening adicoro ingkang kaping gangsal. Dumateng panjenenganipun bp…………………..wekdal kulo aturaken,sumonggo……
Matur gunging panuwun dumateng panjenenganipun bp……………….ingkang sampun paring dedongo,mugi temanten kekelih tansah pinaringan wilujeng kalis ing sambikolo lan saged atut runtut rerentengan dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen.kanthi lestari widodo,mulyo ing suko rahayu.
Kanthi paripurnaning atur dedongo, kalajengaken adicoro ingkang pungkasan, nwun inggih panutup, ingkang sakmangke badhe kulo ayahi piyambak.
Poro adilenggah ingkang dahat kinurmatan, kerono kabekto saking sanget bingahing manah bp…………………sagotrah, hanglenggono, bilih upocoro pahargyan ingkang edi meniko, taksih kathah kalepatanipun, satemah damel kucem kuciwaning manah, ingkang meniko, dumateng sagung poro rawuh langkung-langkung dumateng panjenenganipun bp……………….sagotrah, mugi keparengo angluberno samudro pangaksamo.
Makaten ugi kulo pribadi ingkang tansah tinanggenah, kinaryo talanging atur bp………………tyang sakluargo, soho poro kadang anggen leladi dumateng panjenengan sedoyo, kirang trapsilanipun, ingkang mboten saged anuju dumateng renaming penggalih poro rawuh sedoyo, pramilo kulo sakadang tansah anyadong rumentahingsih samudro pangaksami.
Minongko panutuping atur keparengo kulo lengser saking ngarso panjenengan sedoyo.
Wabillahitaufik wal hidayah wassalamu’alaikum wr.wb

DOWNLOAD file klik DISINI

Rabu, 16 Maret 2011

PAMBAGYO HARJO

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.

Alkhamdulillahirobil'alamin wabihinasta'inu ala umuridunya wadin,washolatu wassalamu 'ala asrofil ambya'i wal mursalin syayidina wa habibina wa syafi'ina waquroti a'yunina wa maulana muhammadin wa ala alihi washohbihi ajma'in ama ba'du.

  • Dumateng para sesepuh, pinisepuh miwah ajisepuh ingkang satuhu kinabekten....
  • Dumateng para pangemban pangembating praja ingkang tuhu pantes sinudarsana...
  • Sagung para rawuh kakung sumawana putri ingkang sinugatha ing pakurmatan....

     Lumintuning pudyastawa saking gusti ingkang maha asih, ambabar daya pangaribawa ingkang cumandhuk dateng para kawula dasih, kacihna ing salebeting kalenggahan punika kita waged pepanggihan ing panti pahargyan punika kanthi wilujeng kalis ing sambikala, puja-puji sasanthi sumangga kita ikraraken kanthi waosan tahmid...ALKHAMDULILLAHIROBIL'ALAMIN....
     Shalawat saha salam mugi katur wonten junjungan nabi agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul kiyamah....Allahumma Amin...
Nuhoni pamundhutipun Bopo.....................ingkang ing wanci  punika hamengku gati netepi darmaning ngasepuh,  amiwaha putra putrinipun ingkang sesilih nimas ayu............................apalakrama kaliyan bagus...........................atmaja kakungipun Bopo........................ingkang pidalem ing.....................
wondene ijab lan qobulipun sampun kaleksanan tabuh..........kanthi widodo nir ing sambikala.
     Kula kadawuhan matur ing ngarsa panjenengan sedaya, njih awit saking bombong saha bembenging penggalihipun, panjenenganipun Bopo...............................mboten kuwawi sowan matur ing ngarsa panjenengan sedoyo ingkang wose badhe ngaturaken prentuling penggalihipun, pramila keparengo kula ingkamg matur pinangka sesulihipun.
     Para rawuh ingkang minulya, sinartan sinukartaning panembrana keparenga kulo ngaturaken sugeng basuki sa rawuh panjenengan sinartan agunging panuwun ingkang tanpa pepindan, dene-dene panjenengan sedaya sampun kepareng paring idi pangestunipun dumatheng temanten kekalih.
panjeneganipun Bopo........................ugi ngaturaken gunging panuwun dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng paring tanda tresna miwah pambyantu ingkan awujud punapa kemawon, bahu suku, bondho beyo serta iguh pratikel, menika sedaya tuhu damel mongkok saha bombonging manah.
panggrantesing manah panjenenganipun Bopo....................sagotrah hamung nyuwun dumateng gusti ingkang maha agung, mugi lubering sih kadarman panjenengan sedaya pikantuka lelintu ingkang satraju destum hanglangkungana.
     Para rawung ingkang minulya, sakpunika penganten kekalih sampun kula sowanaken wonten ngarsa panjenengan sedaya, saperlu kula suwunaken tambahing pangestu wilujeng mugi-mugi anggenipun jejodohan samangke sagedo atut runtunt rerentengan lestari widodo mulyo ing suko rahayu.
ing wasana panjenenganipun Bopo.........................ugi ngaturaken gunging pangaksama tumrap sedaya kekirangan ing panti pahargyan punika,ceweting aruh pilenggahan serta pasugatan ingkang tan saged mangun suka renaning penggalih panjenengan sedaya keparenga sagung para rawuh ngluberna sih samudra pangaksami.
      Pungkasing atur tan jangkeping trapsila miwah subasita tumpang suh pangrakiting basa miwah ukara anggen kula matur wiwit purwa,madya dumugi wasana keparenga kula tansah anyadhong rumentahing pangaksama.

Akhirusalam Wabillahitaufik wal hidayah Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

wekdal saha panggenan kula aturaken dhumateng panata adicara,nuwun....

DOWNLOAD file klik DISINI