Mukadimah

Contoh atur-atur upacara penganten adat jawa ini hanya sekedar gambaran saja, apabila ada yang kurang berkenan atau kurang bagus dalam penyusun kalimat atau bahasa, mohon untuk dibetulkan agar susunan bahasanya menjadi indah dan pantas untuk didengar ataupun dicerna oleh masyarakat jawa khususnya yang masih kental dengan tradisinnya upacara adat jawa.

Minggu, 04 November 2012

Kalimat Dasar Atur-atur Pasrah Temanten


PASRAH PENGANTEN

ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Matur nuwun dumateng pranotocoro ingkang sampun paring wedal dateng kulo.

Nuwun dumateng poro rawuh kakung soho putri ingkang kulo hormati, langkung-langkung dumateng bapak lurah soho stafipun ingkang kulo hormati ugi.

Poro adi lenggah ingkang kinurmatan, kulo kadawuhan matur minangkani pamundut kersanipun Bapak……………………langkung rumiyin panjenenganipun Bapak…………………kintun salam taklim mugi kunjuk wonten ngarsanipun Bapak……………….sumrambah dumateng sedayanipun, sak lajengipun pisowan kulo sak pengombyong saperlu hanglarapaken wujuding ponang temanten kakung/ putri/ kekalih, mugi katampio minongko putro pribadinipun Bapak…………………. Ugi keparenga paring pitedah panggulawentah, murih saged netepi darma utama.
Bp………………ugi hamasrahaken penganten kakung/ putri/ kekalih dumateng kukubaning bebrayan ing mriki, tinampia dados warganing bebrayan ingkang anuju kesaenan.
Kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo,mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur, kersoho poro rawuh paring samudro pangaksomo.

WASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Wedal kulo konduraken dumaten pranoto adi coro,nuwun.

Kalimat Dasar Dtur-atur Panampining Temanten


PANAMPINING PENGANTEN

ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Matur nuwun dumateng pranotocoro ingkang sampun paring wedal dateng kulo.

Nuwun dumateng poro rawuh kakung soho putri ingkang kulo hormati, langkung-langkung dumateng bapak lurah soho stafipun ingkang kulo hormati ugi.

Poro adi lenggah ingkang kinurmatan, langkung rumiyin Bapak…………………… tiyang sak keluargo ngaturi sugeng rawuh dumateng panjenengan sedoyo soho tamu utusan sak pengombyongipun, kejawi sangking meniko kulo ingkang kajibah hanampi wujuding ponang temanten kakung/ putri/ kekalih sampun kulo tampi kanthi gembiraning manah, ugi salam taklim saking panjenenganipun Bapak……………………..kulo wangsuli kanthi ikror Wa’alaikum salam Wr.Wb sinartan kanthi reno-renaning manah
Sak wangsulipun sederek duto, sak konduripun panjenengan sedoyo sak mangkeh
kersoho hangaturaken sembah sungkemipun bapak.........................tiyang sak keluargo mugi kunjuk wonten ngersanipun bapak........................tiyang sak keluargo.
Kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo,mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur, kersoho poro rawuh paring samudro pangaksomo.

WASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Wedal kulo konduraken dumaten pranoto adi coro,nuwun.

Kalimat Dasar Atur-atur Pambagyo Harjo


PAMBAGYO HARJO
ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Matur nuwun dumateng pranotocoro ingkang sampun paring wedal dateng kulo.

Nuwun dumateng poro rawuh kakung soho putri ingkang kulo hormati, langkung-langkung dumateng bapak lurah soho stafipun ingkang kulo hormati ugi.

Poro rawuh ingkang minulyo ,perlu kawuningan bilih adeg kulo ing mriki saperlu minangkani pamundhut kersanipun Bapak ……………………..,langkung rumiyin Bapak……...................
Ngaturaken sugeng rawuh saking rawuhipun panjenengan sedoyo, ugi nyuwun pangapunten anggenipun paring papan pilenggahan kirang nresepaken.

Poro rawuh ingkang minulyo,perlu kulo aturaken bilih ing wanci dinten meniko panjenenganipun Bapak………………………anggadahi hajat badhe ngemah-emahaken putro putranipun/putrinipun ingkang sesilih bagus/ayu…………………apolokromo kalian bagus/ayu……………………putranipun Bapak………………… ingkang pidalem ing dusun…..

Ingkang meniko poro rawuh dipun suwuni idi pangestunipun mugi-mugi temanten kekalih tansah pinaringan wilujeng kalis ing sambikolo.

Kulo kinten cekap semanten ingkang dados atur kulo,mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur, kersoho poro rawuh paring samudro pangaksomo.

WASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Wedal kulo konduraken dumaten pranoto adi coro,nuwun.

Rabu, 17 Oktober 2012

PASRAH PENGANTEN


Assalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun, para sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur, igkang hanggung mastuti pepoyanging kautaman, ingkang dahat kinabekten, para pangembat pangembating praja, bapa pangarsadesa miwah para pamong ingkang satuhu sinudarsana, para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinugata ing pakurmatan.
Lunimtuning pudyastawa saking gusti ingkang maha agung, ambabar daya pangaribawa ingkang cumandhuk dhumateng para kawula dasih kacihna pisowan kula sakanca kapareng kajangkung dumugi ing papan mriki kanthi widada nir ing sambikala, ingkang punika keparenga kula atur puja puji sasanti: Alhamdulillahirobbil ‘alamin.(tahmid)
Salajengipun matur gunging panuwun dumateng kadang panatacara ingkang sampun paring palilah wekdal dumateng kula.
Hanamung saderengipun tuhu linepatna ing deduka miwah tinebihna ing saliring sesendhu dene kula sampun kumawi cumanthaka lumarap matur wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah anggempil kamardikan panjenengan anggenya wawan sabdha. Nuwun inggih labet kula nyendikani dawuh pangadikanipun bp………. Ingkang supados hanyulihi matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.
Mirunggan katur panjenengan bp……….miwah baraya agung. Ingkang sepisan kula kinen hangaturaken sembah sungkem katur para pepundhen, pinisepuh myang sesepuh tuwin salam taklim katur panjenenganipun bp…………miwah baraya agung kanthi kula ucapaken ASSALAMU’ALAIKUM.
Salajengipun pisowan kula sakadang kinen hanglarapaken sowanipun penganten kakung, nuwun inggih pun bagus……
Manawi sakawit panyuwun bp……..…mugi pun bagus……..…..kadhaupaken kaliyan nimas ayu……….putrinipun bp………….
Ing ari kalenggahan punika sampun kaleksanan kanthi upacara ingkang sakalangkung edipeni, andadosaken bombonging manah bp………ingkang punika namung saged ngaturaken agunging panuwun ingkang tan saged cinitra ing ukara. Mugi lubering sih kadarman bp……….punika pikantuka lelintu ingkang satraju saking gusti ingkang maha agung dhestun hanglangkungana.
Hamung kewala mugi andadosna kawuningan tuwin boten andadosaken kuciwaning penggalih, awit dene pun bagus nadyan tata gelar katingal sampun dewasa pantes lamun amangun bale wisma, hananging yektosipun tasih cubluk ing samudayanipun, unggah ungguh, tata krami napa malih suba sita ing bebrayan tasih sanget kabodhon.
Ewa semanten panyuwun saking Bp………………..keparenga katampiyo pinangka putra pribadi, keparenga panjenenganipun Bp………………….paring pitedah panggulawentah, murih saged netepi darma utama.
Bp………………ugi hamasrahaken penganten kakung dumateng kukubaning bebrayan ing mriki, tinampia dados warganing bebrayan, sahingga pikantuk pambyantu, saha pangayoman samurwatipun. Makaten ugi tansah pinarenggana pitedah. Panyaruhe, hambok bilih wonten tindak tanduk ingkang nyebal saking pahugeraning gesang bebrayan.
Ingkang punika katur para sesepuh pinisepuh kula nyuwunaken tambahing pandonga pamuji mugi panganten sarimbit sagedo manggih kamulyan ing gesang bebrayanipun.
Ing wasana, cupet ceweting atur, kirang trapsila miwah subasita pisowan kula sakadang wonten pahargyan ingkang sakalangkung edipeni punika keparenga panjenenganipun
Bp……………..miwah baraya agung angluberna sih samudra pangaksama.
Pungkasing atur billahi taufik wal hidayah WASSALAMU’ALAIKUM WR WB.

DOWNLOAD file klik DISINI

Minggu, 14 Oktober 2012

PAMBUKO YASINAN

ASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHIWABAROKATUH
Bismillahirokhmanirrohiim
Alkhamdulillahirobbil’alamin Wabihi nasta’inu ‘ala umuri dunya waddin,Syayidina Wa habibina Wa syafi ina Wa quroti a’yunina Wa maulana Muhammadin, Wa’ala Alihi Wa ashabihi Ajma’in Amma Ba’du.

Dumateng jamaah yasin soho tahlil ingkang dahat kinurmatan, ingkang sepisan sumonggo kito tansan ngunjuaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kesarasan soho kenikmatan,saenggo kito sedoyo waged ninda’i giliran yasinan ingkang wanci ndalu puniko dumawah wonten dalemipun Bpk/Ibu . ………………
Pujo-puji sasanti sumonggo sesarengan kito ikroraken kanthi waosan TAHMID………
ALKHAMDULILLAHIROBBIL ‘ALAMIN.
Allahumma Sholi ’Ala Muhammad Wa ’Ala ’Ali Syayidina Muhammad…
Sholawat soho salam mugi katur wonten junjungan Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah , Allahumma amin…….
kulo minongko pranoto acoro badhe maosaken susunan acoro ing dalu puniko :
Ø Wondene acoro ingkang sepisan pambuko.
Ø Ingkang kaping kalih yasin soho tahlil ,ing samangke badhe dipun ayahi panjenenganipun  Bpk …………………………soho Do’a nipun panjenenganipun Bpk …………………………………….
Ø Wondene Ingkang ongko tigo utawi pungkasan inggih puniko lain-lain utowo panutup.
Makaten reroncening adicoro ingkang badhe kito lampahi samangke, gegandengan wedal sawetawis dalu sumonggo acoro ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan syahadat, sholawat lan istigfar kaping tigo, kalajengaken waosan umul kitab…
Liridho illahita’ala wali syafaati rosulillahi sholallahu’alaihi wasalam, al fatihah………
Maturnuwun waosan-waosan kolowau mugi-mugi waged bukak manah ugi ngandhelaken iman islam kito sedoyo lan Allah paring ridho punopo ingkang badhe kito lampahi.
Saklajengipun Yasin soho Tahlil kulo aturaken dumateng panjenenganipun Bpk………………………kalajengaken Do’a nipun panjenenganipun Bpk…………………
(Ananging sakderengipun yasin soho tahlil kito wiwiti,langkung rumiyin kulo sumanggaaken dumateng panjenenganipun Bpk……………kersoho paring pituah-pituah utawi kultum rumiyin,sumonggo wedal kulo aturaken sakcekapipun.)
Maturnuwun waosan Yasin soho Tahlil kolowau, mugi-mugi saged dados amal kesaenan kito sedoyo lan ugi dipun tampi dening Allah SWT,Allahumma amin…….
     Wondene ingkang pungkasan inggih puniko lain-lain, wedal kulo aturaken dumateng jama’ah, sumonggo………………….
PENUTUP
Maturnuwun dumateng shohibuol hajat ingkang sampun paring papan soho pasugatan ingkang sampun kito resepi kanthi eco soho sekeco, mugi-mugi andadosno amal ingkang barokah dunyo dumugi akhirat samangke, ugi kulo minongko talanging atur saking jama’ah yasin nyuwun gunging pangaksomo dumateng shohibul hajah tumrap sedoyo kekiranganipun. Gegandengan acoro sampun kalaksanan sedoyo sumonggo yasin soho tahlil puniko kito tutup kanthi waosan do’a tutup majlis kaping tigo……………
SUBHANAKALLAHUMMA WABIKHAMDIKA ASYHADUANLAILAHAILLAANNTA ASTAGFIRUKA WA ATUBU ILAIK

Cekap semanten atur kulo mbok bilih wonten kirang langkung anggen kulo matur wiwit awal dumugi akhir, keparengo jama’ah yasin ngluberno sih samudro pangaksomo,
Bilahitaufik wal hidayah
WASSALAMU’ALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH

DOWNLOAD file klik DISINI