Mukadimah

Contoh atur-atur upacara penganten adat jawa ini hanya sekedar gambaran saja, apabila ada yang kurang berkenan atau kurang bagus dalam penyusun kalimat atau bahasa, mohon untuk dibetulkan agar susunan bahasanya menjadi indah dan pantas untuk didengar ataupun dicerna oleh masyarakat jawa khususnya yang masih kental dengan tradisinnya upacara adat jawa.

Kamis, 17 Maret 2011

PRANOTO ADICORO


Assalamu’alaikum wr.wb
Nuwun kulonuwun.
Poro sesepuh soho pinisepuh ingkang hanggung mastuti dating pepoyaning kautaman, poro pangemban pangembating projo ingkang kinaryo pangayomaning kawulo dasih.
Poro adi lenggah ingkang pantes ing tuhu sinukarto,sumonggo kito ngunjukaken puji syukur ing sahandap pepodaning gusti ingkang akaryo jagad, dene sampun kepareng hangluberaken kekiyatan soho kawilujengan, satemah, kito waget kempal manunggal ing panti pahargyan wanci meniko, kanti winantu ing suko basuki.
Sholawat soho salam mugi katur dhumateng junjungan nabi agung Muhammad SAW, ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah, Allahumma Amin………..
Sak lajengipun, tuhu linepatno ing deduko, tinebihno ing salwiring sesendhu, dene kulo cumantoko lumarap atur, satemah hangirangi kamardikan panjenengan sedoyo, anggenyo nembe eco mawan sabdo.
Sangyo adi lenggah ingkang minulyo ing budi, wondene reroncening adicoro ingkang badhe katur makaten :
Titilaksono ingkang sepisan njih meniko pambagyo harjo
Kalajengaken adicoro kaping kalih, kumandanging wahyu suci Al qur’an
Adicoro kaping tigo njih meniko panyerahaning temanten
Dumawah penampining temanten  minongko titilaksono kaping sekawan
Hastungkoro ngancik adicoro kaping gangsal
Wondene panutuping acoro dumawah reroncening adicoro ingkang kaping enem
Makaten menggah reroncening adicoro ingkang badhe hangrenggani wiwahan meniko;
Titilaksono ingkang ongko sepisan atur pambagyo harjo ingkang badhe katur lumantar juru wicoro, pramilo sumonggo dumateng panjenenganipun bp………………..pinongko sesulihipun, wekdal soho panggenan kulo aturaken
Wondene adicara ingkang ongko kalih njih meniko kumandanging wahyu suci Al qur’an, ingkang badhe katur bp………………………wekdal soho panggenan kulo aturaken.
Makaten atur pambagyo harjo saking juru wicaranipun shohibul hajat.
Ngancik adicoro ingkang tigo nwun inggih panyerahaning temanten, dumateng panjenenganipun duto saking bp…………………wekdal kulo aturaken.
Makaten atur panyerahaing temanten saking panjenenganipun duto pangarso ingkang sampun dipun aturaken kanti toto ,titis lan tatas pangandikanipun.
Tumapa’ing adicoro ingkang ongko sekawan, panampining temanten, ingkang badhe katur panjenenganipun bp………………..sumonggo wekdal kulo aturaken.
Makaten wau atur panampining temanten saking panjenenganipun bp……………….
Hastungkoro katur panjenenganipun bp………………nggempil reroncening adicoro ingkang kaping gangsal. Dumateng panjenenganipun bp…………………..wekdal kulo aturaken,sumonggo……
Matur gunging panuwun dumateng panjenenganipun bp……………….ingkang sampun paring dedongo,mugi temanten kekelih tansah pinaringan wilujeng kalis ing sambikolo lan saged atut runtut rerentengan dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen.kanthi lestari widodo,mulyo ing suko rahayu.
Kanthi paripurnaning atur dedongo, kalajengaken adicoro ingkang pungkasan, nwun inggih panutup, ingkang sakmangke badhe kulo ayahi piyambak.
Poro adilenggah ingkang dahat kinurmatan, kerono kabekto saking sanget bingahing manah bp…………………sagotrah, hanglenggono, bilih upocoro pahargyan ingkang edi meniko, taksih kathah kalepatanipun, satemah damel kucem kuciwaning manah, ingkang meniko, dumateng sagung poro rawuh langkung-langkung dumateng panjenenganipun bp……………….sagotrah, mugi keparengo angluberno samudro pangaksamo.
Makaten ugi kulo pribadi ingkang tansah tinanggenah, kinaryo talanging atur bp………………tyang sakluargo, soho poro kadang anggen leladi dumateng panjenengan sedoyo, kirang trapsilanipun, ingkang mboten saged anuju dumateng renaming penggalih poro rawuh sedoyo, pramilo kulo sakadang tansah anyadong rumentahingsih samudro pangaksami.
Minongko panutuping atur keparengo kulo lengser saking ngarso panjenengan sedoyo.
Wabillahitaufik wal hidayah wassalamu’alaikum wr.wb

DOWNLOAD file klik DISINI

7 komentar: