Mukadimah

Contoh atur-atur upacara penganten adat jawa ini hanya sekedar gambaran saja, apabila ada yang kurang berkenan atau kurang bagus dalam penyusun kalimat atau bahasa, mohon untuk dibetulkan agar susunan bahasanya menjadi indah dan pantas untuk didengar ataupun dicerna oleh masyarakat jawa khususnya yang masih kental dengan tradisinnya upacara adat jawa.

Senin, 29 April 2024

Protokol walimatussyofar

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.

Alkhamdulillahilladzi, farodlolimanistato'a fii sabilihil haj, Asyhadualla illa ha illallahul akhadusshomad, wa asyhadu anna muhammadan 'abduhu wa rosuluhu khoirul 'ibad, wa sholallahu wassalam, 'ala sayidina wa nabiyyina wa habibina muhammad, wa 'ala alihi wa jami'i ashabihi wa man tabi'ahum bi ikhsanin ila yaumil mi'ad. 

Labbaikallahumma labbaik, labbaik kala syari kalakalabbaik, innal khamda wa ni'mata lakawal mulk laa syari kallak, 'amma ba'ad.

Hadrotal mukaromina Wal mukhtarromin para alim ulama alladzinahum warossatul anbiya', ingkang tansah kito mulyaaken, wabilakhos woten ngarsonipun Bapak Kyai.........ingkang tansah kito ajeng-ajeng barokah ilmu nafi'pun soho ingkang tansah kito mulyaaken, woten ngarsoipun Bapak Kyai...........soho sanesipun pengasuh masjid punopo mushola ingkang mboten kawulo sebat salah setunggal asmo boko asmanpun, ingkang kito mulyaaken.

Wonten ngarsanipun poro sesepuh poro pinisepuh soho kasepuhan, poro tokoh masyarakat dusun.............ingkang pinuji soho kinabekten. 

Panjenenganipun poro pangembat pangembating projo satriyaning nagari, Dumateng Bapak Lurah Kelurahan.......soho perangkatipun, Bapak Kadus, Bapak RW soho Bapak RT ingkang saged rawuh ing wanci dalu puniko, wabil khusus wonten ngarsanipun shohibul hajah injih meniko panjenenganipun Bpk........keluargo ageng ingkang winantu sagunging pakurmatan, sumrambah dumateng poro rawuh tamu undangan hadirina wal hadirot kakung sumawono putri ingkang dahat kalinggo murdaning akrami. 


Nuwun nuwun sewu kepereng kawulo matur wonten ngarso panjenengan sedoyo, inggih miturut dawuhipun panjenenganipun ingkang hamengku gati kawulo piniji hanjejeri pinongko pranoto adicoro ingkang sepindah ngaturaken sugeng wilujeng rawuhipun poro pilenggah sedoyo ingkang sampun kerso hangrawuhi undanganipun Bapak.............sak keluargi wonten adicoro walimatussyafar ing wanci dalu meniko. 

Ingkang kaping kalih sakderengipun adicoro kawiwitan,  sumonggo panjenengan sami kawulo dere'aken manungku pujo raos syukur wonten ngarso gusti ingkang murbeng dumadi inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan sehinggo ing wanci wedal meniko, kulo lan panjenengan sedoyo waged kempal manunggal wonten ing meniko majlis kanthi mboten manggihi aral satunggal punopo, pramilo sumonggo raos syukur kito ikroraken kanthi billisan waosan tahmid... Alkhamdulillahirobbil'alamiin. 

Sholawat ugi salam, mugio tetep katur kunjuk wonten ngarso Nabi Agung Muhammad SAW ing pangajab, kulo lan panjenengan sedoyo kalebet kagolong umatipun ingkang hak nampi syafa'atipun, langkung-langkung benjang wonten ing yaumil qiyamah, Aamiin Allahumma Aamiin. 

Hadirina wal hadiroti rokhimakilullah, 

Sakderengipun acoro ing wanci dalu meniko kawiwitan, badhe kawulo aturaken rumiyin rantamaning adicoro ingkang badhe kalampah wonten acoro dalu meniko, 

Adiroco ingkang ongko satunggal inggih pambuko kanthi waosan umul kitab. 

Adicoro ingakng ongko kalih inggih meniko sambutan utawi atur pambagyo harjo.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo waosan pustoko suci Al qur'an. 

Wondene Waosan tahlil minongko adicoro ingkang ongko sekawan. 

Adicoro ingkang ongko gangsal utawi inti inggih meniko maudidlotul khasanah soho Do'a. Kalajengaken Penutup minongko paripurnaning adicoro walimatussyafar ing wanci dalu meniko. 

Poro rawuh ingkang tansah kinurmatan, makaten rantamaning adicoro iingkang badhe kalampah ing wanci dalu puniko. Murih purwo madyo wasono tansah manggih rahayu kalis ing rubedo lir ing sambikolo, sumonggo adicoro ing wanci dalu meniko kito wiwiti kanthi waosan umul kitab, AlFatihah.....

Matur gunging panuwun kanthi waoson umul kitab mugio andadosaken lancaripun acoro walimatusyafar ing wanci dalu puniko ngantos dumugi paripurno. 


Ndungkap adicoro ingkang ongko kalih innggih meniko sambutan utawi atur pambagyo harjo saking pamjenenganipun shobibul hajah badhe kaaturaken lumantar juru wicaranipun, pramilo dumateng panjenenganipun Bapak..............sasono kasumanggaaken......nuwun

Makaten atur pambagyo harjo saking  shohibul hajah sampun kaaturaken kanthi tatas titis pangandikanipun, dumateng Bpk...........kaaturaken gunging panuwun. 


Ndungkap adicoro sak lajengipun waosan pustoko suci Al qur'an, Dumateng panjenenganipun ustadz..............sasono kasumangga'aken....nuwun.

Makaten waosan ayat suci Al qur'an mugio andadosaken lumebering sih samudro kaberkahan wonten ing majlis meniko. Dumateng panjenenganipun ustadz.............kaaturaken agunging panuwun. 


Poro rawuh ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, tumapaking adicoro ingkang ongko sekawan waosan tahlil ingkang badhe dipun imami panjenenganipun Bapak Kyai............, Dumateng panjenenganipun Bapak kyai..............wedal soho sasono kasumanggaaken...... Nuwun. 

Makaten waosan tahlil sampun kaleksanan minongko tawasul ugi hangagunaken Asmo Allah SWT. Dumateng panjenenganipun Bpk Kyai.............kaaturaken agunging panuwun. 


Ngancik adicoro ingkang ongko gangsal nuwun inggih acoro inti mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun wedar sabdoaken dening panjenenganipun almukarrom Bapak Kyai.............soho do'anipun ing sak mangkeh paripurnaning pawedar sabdonipun. 

Dumateng panjenenganipun Almukarrom Bpk Kyai...........wedal soho sasono kasumanggaaken.... Nuwun. 

Makaten mauidhoh hasanah ingkang sampun dipun wedar sabdoaken dening panjenenganipun Bpk Kyai.............mugio andadosaken tambahing ilmu agami dumateng kito sedoyo, aamiin, 


Ing wusono atur hastungkoro sampun kaleksanan pratondo acoro walimatussyafar ing wanci dalu meniko sampun paripurno, pramilo kepareng kawulo lengser wonten ngarso panjenengan sedoyo, pungkasing atur tan jangkeing trapsilo miwah subo sito tumpang suh pangrakiting boso miwah ukoro anggen kawulo matur minongko jejering pranoto adicoro wiwit purwo madyo dumugi wasono, kepareng kulo tansah hanyadong rumentahing samudro pangaksomo.

Billahitaifik wal hidayah warridho wal innayah Wassalamu’alaikum Wr Wb.

Klik Di Sini

Tidak ada komentar:

Posting Komentar