Mukadimah

Contoh atur-atur upacara penganten adat jawa ini hanya sekedar gambaran saja, apabila ada yang kurang berkenan atau kurang bagus dalam penyusun kalimat atau bahasa, mohon untuk dibetulkan agar susunan bahasanya menjadi indah dan pantas untuk didengar ataupun dicerna oleh masyarakat jawa khususnya yang masih kental dengan tradisinnya upacara adat jawa.

Rabu, 17 Oktober 2012

PASRAH PENGANTEN


Assalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun, para sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur, igkang hanggung mastuti pepoyanging kautaman, ingkang dahat kinabekten, para pangembat pangembating praja, bapa pangarsadesa miwah para pamong ingkang satuhu sinudarsana, para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinugata ing pakurmatan.
Lunimtuning pudyastawa saking gusti ingkang maha agung, ambabar daya pangaribawa ingkang cumandhuk dhumateng para kawula dasih kacihna pisowan kula sakanca kapareng kajangkung dumugi ing papan mriki kanthi widada nir ing sambikala, ingkang punika keparenga kula atur puja puji sasanti: Alhamdulillahirobbil ‘alamin.(tahmid)
Salajengipun matur gunging panuwun dumateng kadang panatacara ingkang sampun paring palilah wekdal dumateng kula.
Hanamung saderengipun tuhu linepatna ing deduka miwah tinebihna ing saliring sesendhu dene kula sampun kumawi cumanthaka lumarap matur wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah anggempil kamardikan panjenengan anggenya wawan sabdha. Nuwun inggih labet kula nyendikani dawuh pangadikanipun bp………. Ingkang supados hanyulihi matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.
Mirunggan katur panjenengan bp……….miwah baraya agung. Ingkang sepisan kula kinen hangaturaken sembah sungkem katur para pepundhen, pinisepuh myang sesepuh tuwin salam taklim katur panjenenganipun bp…………miwah baraya agung kanthi kula ucapaken ASSALAMU’ALAIKUM.
Salajengipun pisowan kula sakadang kinen hanglarapaken sowanipun penganten kakung, nuwun inggih pun bagus……
Manawi sakawit panyuwun bp……..…mugi pun bagus……..…..kadhaupaken kaliyan nimas ayu……….putrinipun bp………….
Ing ari kalenggahan punika sampun kaleksanan kanthi upacara ingkang sakalangkung edipeni, andadosaken bombonging manah bp………ingkang punika namung saged ngaturaken agunging panuwun ingkang tan saged cinitra ing ukara. Mugi lubering sih kadarman bp……….punika pikantuka lelintu ingkang satraju saking gusti ingkang maha agung dhestun hanglangkungana.
Hamung kewala mugi andadosna kawuningan tuwin boten andadosaken kuciwaning penggalih, awit dene pun bagus nadyan tata gelar katingal sampun dewasa pantes lamun amangun bale wisma, hananging yektosipun tasih cubluk ing samudayanipun, unggah ungguh, tata krami napa malih suba sita ing bebrayan tasih sanget kabodhon.
Ewa semanten panyuwun saking Bp………………..keparenga katampiyo pinangka putra pribadi, keparenga panjenenganipun Bp………………….paring pitedah panggulawentah, murih saged netepi darma utama.
Bp………………ugi hamasrahaken penganten kakung dumateng kukubaning bebrayan ing mriki, tinampia dados warganing bebrayan, sahingga pikantuk pambyantu, saha pangayoman samurwatipun. Makaten ugi tansah pinarenggana pitedah. Panyaruhe, hambok bilih wonten tindak tanduk ingkang nyebal saking pahugeraning gesang bebrayan.
Ingkang punika katur para sesepuh pinisepuh kula nyuwunaken tambahing pandonga pamuji mugi panganten sarimbit sagedo manggih kamulyan ing gesang bebrayanipun.
Ing wasana, cupet ceweting atur, kirang trapsila miwah subasita pisowan kula sakadang wonten pahargyan ingkang sakalangkung edipeni punika keparenga panjenenganipun
Bp……………..miwah baraya agung angluberna sih samudra pangaksama.
Pungkasing atur billahi taufik wal hidayah WASSALAMU’ALAIKUM WR WB.

DOWNLOAD file klik DISINI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar